ndhuk, anakku wadon sing ayu dhéwé... dadi wong wadon iku kudu suci uni, suci rupi, lan suci ati... amarga donya wis ménéhi tandha... akéh wong wadon lambéné bengak-bengok... akéh wong wadon matané plérak-plérok... akéh wong wadon atén-aténé bosok... lungguh methothok mlaku ora ndedelok... kabéh iku aja mbok tiru, anakku... ndhuk, anakku wadon, delengen ing tawang ika... mbulan ora werna abang mbranang... lintang-lintang ora gelem gumebyar... lan srengéngé kaya ngécé-écé mula iku omonga sing apik... dandana sing resik... mlakuwa sing becik ing ngalam donya... ndhuk, anakku wadon sing ayu dhéwé... goléka dalan swarga liwat tetep madhep lan manteb terus dhedhepé marang Gusti....